Sapa Pagi ISK – “Pituture Wong Tuwo”

oleh -1,483 kali dibaca
sedulur ISK
Peniup seruling (Foto Digital Imaging Yuliadi)

Poro sedulur ISK ingkang kinurmatan, ojo dumeh sugih bondo, yen pangeran paring loro bondo akeh tanpo guno, dokter mung ngereko doyo, mulo poro sedulur ISK kang lagi nandang sugih ndang tanjakno ojo wigah-wigih kerono darmo ojo ndadak ditagih lan tetulung ojo pilih-pilih.

Sedulur mumpung awake dewe isih waras, ayo ngibadaho kanti ikhlas, amergo yen leloro lagi teko sanak lan kadangmu mung biso paring dungo.

Mumpung sedulur  isih gagah ayo mempengo nyengkut ojo wegah nyambut gawe ben mongko sedulur ISK yen wus pikun, ora nelongso karo getun.

Mulo sedulur ISK do elingo, urip kito di ati-ati, mung sepisan ono dunyo yen wus mati ora bali, Gusti Allah wus nyawisi, tatanan kang anyukupi, lahir batin amumpuni.

Ngamal soleh ora mung siji, dasare waton ngabekti, mbangun turut ing wong tuwo, sarto becik maring tonggo, welaso sak podo-podo, mulango marang ing popo-popo.

Yen ngendiko ngati-ati, ojo waton angger muni, urip donyo ora suwe, bakal ngalih panggonane
Akherat nggon sejatine, mung ngamal becik sangune (Mas Adi)

KOMENTAR SEDULUR ISK :

No More Posts Available.

No more pages to load.