Sapa Pagi ISK – “Bekti Marang Wong Tuo”

oleh -370 Dilihat
Suami istri sepulang dari sawah (Foto YM)

Sedulur ISK, katresnane wong tuo marang anak iku di ibaratake sak kelopo, tapi kasih sayange anak marang  wong tuo iku ibaratte mung sak upho. Anak iku minongko terusane wong tuwo, ora ana katresnan kang ngluwihi katresnane wong tuwo marang anak.

Pro sedulur , opo siro wus podo lali, soko ngendi siro kedadean, sarine bumi asale di kandut dening ibu sangang ulan rinten lan ratri, Di rewangi tirakat lan ugo nyenyuwun.

Sak wuse nong alam ndonyo, di openi rino wengi tanpo risih mulo podo bektiyo.

Syair iki mung ngelingno tumuju poro putro, supoyo digatekno ojo podo durhoko marang ibu lan bopo, ko ndak uripe soro.

Suwine sangang sasi ibumu handarbihi, nglahirke tohe pati  saiki kudu gerti carane males budi ojo malah do wani, ojo pisan-pisan siro mbantah yen di printah, ugo ojo mangsuli lamun siro di tuturi.

Percuma ra paedah anggone podo ngibadah, nenawi tansah gawe susah marang tiyang sepah.
Karo wong tuwa kudu hormat. Ukara iki wis lumrah diucapake dening wong tuwa. Mula pancen bener yen karo wong tuwa iku kudu kurmat. Kudu ngerti unggah-ungguh.

Kepriye unggah-ungguh yen srawung karo wong tuwa ? Jaman saiki pancen akeh banget nom-noman sing ora paham karo unggah-ungguh. Apa merga wis jamane ? Sajane ora mangkono, nanging manungsa pancen ora bisa pisah saka panguripane wong liya. Yen manut ilmu Manungsa mono mahluk sosial. Tegese ora bisa uwal saka wong liya.

Banjur kerpiye wae carane ngetrapake unggah-ungguh marang wong tuwa, tTuladhane yen mlaku ngarepe wong tuwa aja malah mbegagah. Coba ngango tembung nuwun sewu, punten, aja mbangkang dhawuhe wong tuwa, yen pancen ora bisa nindakake prentahe wong tuwa bisa matur kanthi trapsila.

Aja sembrana marang wong tuw, aja keladuk wani kurang keduga. Wong tuwa iku malati, yen bisa matur nganggo basa krama inggil, angel, nanging kudu nyoba. Aja nganti wong jawa kelangan jawane. Adedonga marang keslametane wong tuwa amargo dongane anak sing sholeh bisa nyuwargakake wong tuwa.

Aja nduweni panjaluk sing ora nalar, yen wong tuwane ora bisa nyembadani aja banjur ngamuk, ngiwung lan nglarani atine wong tuwa, lan liya-luane.

Sedulur ISK , ayo dadi manungsa sing ngerti unggah – ungguh karo wong tuwa kanthi dadi wong jawa sing bisa njawani. (Mas Adi)

 

 

KOMENTAR SEDULUR ISK :

No More Posts Available.

No more pages to load.