Sapa Pagi ISK – “Dedana”

oleh -408 Dilihat
Pancuran (Foto: Yuliadi Mohammad)

Sedulur ISK, Ora ana penggawean kang luwih mulya kejaba dedana utowo ngamal, sing uga bisa mbiyantu kekuranganing kabutuhane liyan.

Dedana utawa sedhekah marang wong kang lagi nyandhang papa cintraka iku sawijining panggawe becik kang patut tinuladha, sauger paweweh mau ora kinanthenan panggrundel kang nelakake ora ikhlasing ati.

Dedana utowo ngamal marang sapepadha iku uga ateges sarana mitulungi awake dhewe nglelantih marang rasa lila legawa kang uga ateges angabekti marang Pangeran Kang Maha Welas Asih.

Tetembungan kang lembah manah lan merak ati iku luwih gedhe ajine katimbang dedana banda breya kang ora ikhlas. Suprandene nulung lan menehi pepadhang marang jiwane wong kang kacingkrangan iku kang sejatine luwih perlu lan wigati, katimbang mung tetulung marang awake kang awujud lair bae.

Pancen pangabekti mono wis aran pasrah, dadi kita ora ngajab marang baline sumbangsih kita.

Kabeh iku sing kagungan mung Pangeran Kang Maha Kuwaos, kita ora wenang ngajab wohing pangabekti kanggo kita dhewe.

Nindakake kabecikan kanthi dedana kita pancen wajib nanging ngundhuh wohing kautaman kita ora wenang.

Nggayuh kaluhuran mono ateges ngupaya tataraning urip kang luwih dhuwur. Ya dhuwur ing lahir ya uga ing batin. Lire sing murakabi kanggo dhiri pribadi, sumarambah tumrap bebrayan agung. (Mas Adi)

No More Posts Available.

No more pages to load.