Sapa Pagi ISK – “Tresna”

oleh -348 Dilihat
Sepasang Merpati (Foto : Yuliadi Mohammad)

Saben jiwa sing normal mesthi ngalami rasa tresna. Nanging, umume wong-wong ora pati paham makna lan hakekat tresna sing sakbenere. Tresna sering dianggep sawijining misteri utawa wewadi sing angel ngungkapake.

Ing wanci saiki akeh wacan utawa film sing nggambarake tresna kanthi makna sing cêthék banget. Kanyatan iki sansaya ngaburake makna katresnan sing sejatine. Pangerten tresna sering diluwih-luwihna, kayata: cinta pertama (tresna kawitan), cinta persaudaraan (tresna paseduluran), cinta abadi (tresna langgeng) lan sapanunggalane.

Miturut poro ahli, tresna iku hakekate minangka sawijining perkembangan (pituwuhan). Tuwuhe tresna (ing wong normal) iku bebarengan karo tuwuhe badan lan jiwa manungsa sahingga kahanan iki berlangsung sakjege urip.

Jenjang tresna iku isa kaperang ana akeh, Cinta diri (tresna marang diri pribadi) yaiku jenjang tresna sing kawitan. Bayi durung bisa nresnani wong liya, dheweke mung bisa nresnani awake dhewe. Yen luwe lan ngêlih bisane mung nangis njaluk tulung.

Tresna marang ibu minangka wong sing paling dhisik dhewe sing ditresnani karo bayi, dheweke ngrasakake damai yen ana ibune banjur tresna marang bapa minangka wong kapindho sing dianggep bayi lan bocah-bocah isa dadi pelindung.

Tresna marang sedulur, bocah rumangsa sênêng lan marêm dolanan karo sedulur-sedulure, tresna marang anggota keluarga liyane kayata marang simbah, paman, misanan lsp.

Tresna marang lawan jenis, pengalaman ing jenjang sadurunge bakal gedhe pengaruhe lan nemtokake pola katresna ing tahap tresno iki.

Tresna kamanungsan marang sapada-pada. Wong sing kasil kanthi mulus ngliwati jenjang lan tahap-tahap perkembangan tresna, sakbanjure bakal nggayuh tahap sing karan nresnani marang sapada-pada, ora milah-milahake sapa sing ditresnani.

Saktemene tresna iku sawijining basa sing bisa diungkapake arupa geguritan nganti pisuhan. Tresna bisa diungkapake kanthi pirang-pirang cara contone nganggo tingkah laku tartamtu, arupa bisikan, tangisan lan sapanunggalane. Kaendahane katresnan minangka kaseimbangan hubungan anatarane priya lan wanita.

Tresna bakal dumadi yen unsur-unsur sing ana alam sing katone lelawanan manggon ana titik kaseimbangan.

Manungsa bakal urip mulya yen isa ngarasakake nikmate kaseimbangan, suwalike bakal ngrasakake ora mulya yen kapedhot saka kaseimbangan mau. (Mas Adi)

No More Posts Available.

No more pages to load.