Sapa Pagi ISK – “Endahing Basa Jawa”

oleh -199 Dilihat

Sedulur ISK, kahanan basa jawa saiki wis rada miris merga akeh kulawarga jaman saiki sing wis ora padha nggunaake basa jawa, sebab ing sajeroning catur lan gunem ing kulawarga akeh sing padha nggunakake basa liyane kaya basa indonesia lan basa inggris.

Ananging sanadyan mengkono uga isih ono sing tetep ngugemi basa jawa minangka pergaulan sadina-dina.

Basa jawa iku basa kang endhah merga ing basa jawa iku nduweni tatacara utawa unggah-ungguh kanggo saben-saben wong lan iku beda-beda kata dene basane wong enom kanggo wong tuwa, wong tuwa kanggo wong enom lan basa kang digunakake kanggo sepadha-padhane.

Kabeh iku nduweni tatacara utawa unggah-ungguh dewe-dewe, kaya dene mbasakake kanggo awake dhewe iku ya ora kena.

Kahanan basa jawa kang dienggo sadina-dinane iku wes kecampur karo basa-basa liane sahingga dadi mawut ora nggenah, kang andadekake ketok wagu lan ora ketata ora kaya jaman ndisik sing isih nggunakake udanegara ingkang trep lan pas.

 

Sejatine basa jawa iku basa kang endhah, basa kang alus tur ora pencilakan, basa jawa iku apik yen di enggo sapa wae, kanggo wong tuwa, wong nom, uga cah cilik yen wes isa ngomong uga sanget sae.

Satemene kanggone wong jawa ngomong basa jawa iku kudune ora angel merga basa iku wis diwarahake wong tuwane marang anake saka cilik, nanging wong tuwa saiki mulang anake ngomong mesti nganggo basa Indonesia.

Jare ben gaul, lan  basa jawa iku wis kuna, nanging sanajan kuna, unggah-ungguh kang di trepke ing basa jawa sanget duwur, lan endhah ora kaya basa-basa liyane.

Nalika bebrayan, akeh wong jawa sing nggunakake basa kang liya, ora nggunakake basa jawane merga ana alesane yaiku salah sijine dialek.

Nalika dolan bareng antara wong dialek ngapak karo dialek O mesti wong dialek ngapak ora nggunakake basa jawane merga isin nek diguyu karo wong sing dialek O sahingga wong dialek ngapak nggunakake basa indonesia sing mesti ora bakal di guyu karo sapa wae.

Samono uga akeh sing ora ngerti basa jawa senajan wong jawa nanging ora ngerti basa jawa, merga kawit cilik wis diwulang nomong nganggo basa indonesia lan uga isih akeh alesan laine sing nggawe wong ora bisa ngomong nganggo basa jawa.

Sejatine nalika bebrayan sanget endhah yen nggunakake basa jawa, piye carane ben basa jawa tetep diugemi marang saben wong, yaiku kudu ono upoyo nyinaoni basa jawa kanti temen.

Merga basa jawa iku basa kang endhah lan ora angel kanggo disinaoni, akeh wong landa sing isa basa jawa, tapi kito wong jawa malah ora isa ngomong nganggo basa jawa.  (Mas Adi)

KOMENTAR SEDULUR ISK :

No More Posts Available.

No more pages to load.