Poro sedulur ISK ingkang kinurmatan, urip lan jumenenge manungso iku tinitah ing alam padhang, kudu sumurup artining marang patrap-traping susilo, ateges toto kromo, titi, titis, nastiti, sabar, narimo, tatag, sumeleh lan eling serto waspodho.
Ojo podho kleru tompo, sebab kabeh kuwi wus diatur dening ” Ponco Driyo “.
Mungguh kito urip sipating Manungso asal soko dumadi lan pambudi, yo iku kang diarani pangeran sanyoto.
Mulo soko iku kito jeneng wong kang ngaurip, lumaku satindak kudu ” ngaweruhi hananiro“, ajo demen lelemeran, kudu setyo tuhu marang gesangiro lan kapitayan marang badaniro dhewe mungguh lungguhe aku.
Mulo ora gampang yo ora angel mungguh lakuning Manungso, sakbiso-biso ojo nyidrani janjiro kang wus kawijil.
Yen cidro temahing bilahi, koto temen bakal tinemu, kito becik ketitik, kito olo ketoro.
Mulane mumpung kito isih urip gesang, ayo podho ngudi ngelmu kang sanyoto, ing endi lungguhing elmu margane poro Sanak Kadang samiyo ngudi tuwuh kudu tumindak sarojo, tresno, setyo, tuhu, prasojo lan utomo jerjering manungso. (Mas Adi)









