Sapa Pagi ISK – “Mawas Dhiri”

oleh -1,310 kali dibaca
Nelayan di Pantai Teluk Awur Jepara (Foto : DI by Yuliadi)

Sedulur ISK,  tepa slira lan mawas dhiri iku dadi oboring laku nggayuh rahayu, minangka jimat paripih tumraping ngaurip, munggahe bisa nyedhakake rasa asih lan ngedohake watak drengki lan daksiya marang sapepadhane.

Sregep mawas dhiri ateges bakal weruh marang kekurangan lan cacade dhewe, saengga wusanane thukul greged ndandani murih apike.

Sedulur…. Amargo kita iki kejaba ndarbeni badan wadhag lan pancadriya, siji maneh kita uga darbe swaraning ati.

Darbe kita iki ora kasat mata, ora kena ginrayang, nanging tansah ajeg elik-elik marang bebener yen lagi nandhang pletiking pakarti lan cipta ala, munggahe katuwuhan krenteg tumindak laku ngiwa.

Mula poma dipoma, tansah bisoa ngrungokake suara atimu, awit iku kang ngajak sak paripolahmu tumuju menyang karahayuning urip. (Mas Adi)

KOMENTAR SEDULUR ISK :

No More Posts Available.

No more pages to load.